"Sungu Menjangan"
Ing sawijining dina nuju mangsa ketiga dawa, prasasat meh kabeh kali padha asat, garing kemlingking ora ana banyune. Kahanan mangkono iku ndadekake kewan-kewan padha ngelak lan keluwen, awit tanduran an suket ya ora ana sing thukul. Bab ngelak lan keluwen kang kaya mangkono kuwi ya dialami dening menjangan sajodho. Kewan kasebut mider-mider saparan-paran luru banyu. Wekasane kekarone bias nemokake kali sing isih ana banyune. Satekane kono wis akeh kewan sing padha ngombe.
“Nganti kesel awake dhewe mrana-mrene, lagi saiki bias ketemu banyu. Sawangen wis akeh kewan sing padha ngumpul’, ujare Menjangan lanang marang bojone. Sing wadhon banjur nyawang ing sadhengah papan.
“Bener, papan iki wis dadi jujugane kewan liya”, semaure Menjangan wadon. Kekarone banjur mudhun saperlu ngombe banyu ing kali. Nalika mudhun ana kewan kang gagah lan nduweni sungu. Menjangan wadon banjur njawil bojone karo ngomong:
“Coba delengen sapa kae sing lagi mudhun, katon gagah prakosa lan nggantheng.” Kekarone banjur mandeng kewan sing lagi mudhun banjur Menjangan lanang nyauri, “Lha wong genah Asu ngono lho, kae kancaku dolanan wiwit cilik, nanging wis suwe aku ora tau ketemu. Geneya, kayane kowe kok kepencut banget marang Asu? Wiwit mau daksawang kowe ora kedhep anggone nyawang Asu iku.” Kandahane Menjangan lanang marang bojone.
Sawise kekarone wareg anggone ngombe, banjur golek panggonan kanggo ngaso. Menjangan wadon ngusulake ngasone sacedhake Asu wae, supaya luwih cedhak lan tamat anggone ndeleng Asu. Usule Menjangan wadon disarujuki dening Menjangan lanang, karo rada mangkel Menjangan lanang ngomong marang bojone.
“Apa aku kurang nggantheng ta, wiwit mau kok takgatekake panyawanganmu terus-terusan menyang Asu.”
“Iya aku pancen kepencut banget marang sungune sing endah lan ngepang-ngepang, mendahnia kowe sing nggawe sungu kuwi, aku malah luwih kepencut maneh.
Krungu pangundarasane bojone mau banjur Menjangan lanang golek akal supaya bias duwe sungu. Ora let suwe dheweke nyedaki Asu banjur ngomong, “He… Asu wis suwe ya awake dhewe ora nate ketemu, piye yen saiki balapan mlayu supaya rasa kangen iki bisa diobati.”
Krungu pangajake Menjangan, Asu gelem diajak balapan mlayu lan sing dadi wasite Menjangan wadon. Mengko yen sikilku dakangkat iku tandane kowe oleh wiwit mlayu, mangkono katrangane Menjangan wadon minangka wasite marang Asu lan Menjangan lanang.
“Siyap ya … siji, …, loro …, telu … (karo ngangkat sikile). Sawise ana aba-aba mangkono Asu lan menjangan padha mlayu banter-banteran lan lan dimenangake dening Menjangan. Rumangsa menang, Menjangan nggoleki panyebabe geneya Asu bias kalah, dheweke ngira yen kekalahane Asu kuwi amarga kabotan sungu.
“Kayane sungumu kuwi sing marahi kowe kalah anggonmu mlayu, coba yen sungune dakenggo, kowe mesthi menang. Ngene wae piye yen sungune aku sing nganggo, banjur dijajal maneh balapan mlayune.” mangkono pambujuke Menjangan marang Asu.
“Ya wis yen mangkono kekarepanmu aku manut wae, iki nggonen sunguku, lan ayo kita balapan mlayu maneh!”
Menjangan wadon uga siyap-siyap menehi aba-aba supaya balapan mlayune bisa enggal diwiwiti.
“Siji… loro… telu….”.
Menjangan lan Asu mlayu banter, nanging ing kalodhangan iki Asu bisa mlayu kanthi cepet banget, nggendring sipat kuping. Menjangan mlayune uga banter banget, nanging arahe menggok beda dalan karo Asu. Bareng wis tekan adoh Asune noleh menyang buri lan lawan mlayune ora ana, dheweke lagi rumangsa yen wis kena bujuk. Mangkono mau crita asal-usule sungune Menjangan.
Tembung-tembung kang angel
1. Ngepang-ngepang = nyabang, duwe pang
2. Prasasat = sasate, kayane
3. Garing kemlingking = asat ora ana banyune babar pisan
4. Ketelak = kerasa ngelak
5. Mider-mider = mlaku-mlaku mrana-mrene nganti adoh
6. Kalodhangan = kasempatan, kalonggaran
7. Disarujuki = disetujoni
8. Pangudarasa = nyritakake uneg-uneg
9. Sadhengah = sembarang
10. Nggendring sipat kuping = mlayu banter banget


